Sabtu, 04 September 2010

ReviewReviewReviewReviewReview
Cerita Ajisaka - Aksara Jawa / The Story of "Ajisaka" and the Javanese Script
Posted by Lulu on Dec 23, '06 10:57 AM for everyone
Category:
Ha Na Ca Ra Ka
Ana utusan (ada utusan) - There are two servants
Da Ta Sa Wa La
Padha kekerengan (saling berselisih pendapat) - having an argument each other
Pa Dha Ja Ya Nya
Padha digdayané (sama-sama sakti) - equally strong
Ma Ga Ba Tha Nga
Padha dadi bathangé (sama-sama mejadi mayat) - Then both of them died

Saya tiba-tiba teringat dengan cerita jawa yang saya dengar lewat sanggar cerita ketika saya kecil dulu. Dulu saya masih punya kasetnya, tetapi sekarang hilang entah kemana, mungkin karena saya selalu berpindah-pindah dari kota satu ke kota yang lain.
Saya senang cerita Ajisaka yang mengisahkan dua orang sahabat yang setia pada ( Dhora dan Sembada) tuannya Ajisaka. Saya membayangkan seandainya banyak Dhora-dhora dan Sembada- Sembada di negara ini yang setia pada tuannya ( Indonesia) mungkin kita sudah menjadi bangsa yang maju.
Saya terus terang tidak pernah bisa aksara Jawa, meskipun saya orang Jawa. Ini dikarenakan saya sudah pindah ke Bogor ketika saya kelas 2 SD dan pindah-pindah ke berbagai kota dan kembali lagi ke Tanah Jawa ketika saya duduk dikelas 2 SMP di Surabaya.

Cerita Ajisaka ini menurut saya menarik sekali, menurut legenda dari cerita inilah aksara Jawa berasal- saya sendiri belum mencari tahu di Internet atau sumber lain.

I suddenly remember about one of the Javanese stories I sometimes listened to via a cassette when I was a little girl.I used to have the cassette a long time ago, but it's gone now. It must have been lost somewhere as I used to move from one city to another.
I like the story of Ajisaka a lot. This is a story of a young man that has two very loyal servants named Dora and Sembada. What if there were many Dhoras and Sembadas here who were very loyal to their master ( If I may associate Ajisaka with Indonesia or SBY ( the president) ), this country could be a very modern country already. ( that's just my opinion, anyway)
Although I was born as a Javanese, honestly speaking, I have never been able to write or even read Javanese script known as Tjarakan. How could I learn the script if I had moved from one city to another. By the age of 8 I moved to Bogor ( Sundanese as the language) and I got back again to Java when I was 15 years old.

The story of Ajisaka is so interesting that I think it will be interesting if someone is interested in making it into a book. According to the legend, Javanese script derives from the story of Ajisaka.

g | business hosting | cheap dot com domains | reseller web hosting | free hosting no ads | joomla templates | free website hosting

(Pada jaman dahulu, di Pulau Majethi hidup seorang satria tampan bernama Ajisaka.Selain tampan, Ajisaka juga berilmu tinggi dan sakti mandraguna. Sang Satria mempunyai dua orang punggawa, Dora dan Sembada namanya. Kedua punggawa itu sangat setia kepada pemimpinnya, sama sekali tidak pernah mengabaikan perintahnya. Pada suatu hari, Ajisaka berkeinginan pergi berkelanan meninggalkan Pulau Majethi. Kepergiannya ditemani oleh punggawanya yang bernama Dora, sementara Sembada tetap tinggal di Pulau Pulo Majethi, diperintahkan menjaga pusaka andalannya. Ajisaka berpesan bahwa Sembada tidak boleh menyerahkan pusaka tersebut kepada siapapun kecuali kepada Ajisaka sendiri. Sembada menyanggupi akan melaksanakan perintahnya.

Ganti cerita, pada masa itu di tanah Jawa terdapat negara yang terkenal makmur, tertib, aman dan damai, yang bernama Medhangkamulan.Rajanya bernama Prabu Dewatacengkar, seorang raja yang luhur budinya serta bijaksana. Pada suatu hari, juru masak kerajaan mengalami kecelakaan, jarinya terbabat pisau hingga terlepas. Ki Juru Masak tidak menyadari bahwa potongan jarinya tercebur ke dalam hidangan yang akan disuguhkan kepada Sang Prabu. Ketika tanpa sengaja memakan potongan jari tersebut, Sang Prabu serasa menyantap daging yang sangat enak, sehingga ia mengutus Sang Patih untuk menanyai Ki Juru Masak. Setelah mengetahui bahwa yang disantap tadi adalah daging manusia, sang Prabu lalu memerintahkan Sang Patih agar setiap hari menghaturkan seorang dari rakyatnya untuk santapannya. Sejak saat itu Prabu Dewatacengkar mempunyai kegemaran yang menyeramkan, yaitu menyantap daging manusia. Wataknya berbalik seratus delapanpuluh derajat, berubah menjadi bengis dan senang menganiaya. Negara Medhangkamulan beubah menjadi wilayah yang angker dan sepi karena rakyatnya satu persatu dimangsa oleh rajanya, sisanya lari menyelamatkan diri. Sang Patih pusing memikirkan keadaan, karena sudah tidak ada lagi rakyat yang bisa dihaturkan kepada rajanya.

Pada saat itulah Ajisaka bersama punggawanya, Dora, tiba di Medhangkamulan. klawan punggawane, Dora, tumeka ing Medhangkamulan. Heranlah Sang Satria melihat keadaan yang sunyi dan menyeramkan itu, maka ia lalu mencari tahu penyebabnya. Setelah mendapat keterangan mengenai apa yang sedang terjadi di Medhangkamulan, Ajisaka lalu menghadap Rekyana Patih, menyatakan kesanggupannya untuk menjadi santapan Prabu Dewatacengkar. Pada awalnya Sang Patih tidak mengizinkan karena merasa sayang bila Ajisaka yang tampan dan masih muda harus disantap Sang Prabu, namun Ajisaka sudah bulat tekadnya, sehingga akhirnya iapun dibawa menghadap Sang Prabu. Sang Prabu tak habis pikir, mengapa orang yang sedemikian tampan dan masih muda mau menyerahkan jiwa raganya untuk menjadi santapannya. Ajisaka mengatakan bahwa ia rela dijadikan santapan sang Prabu asalakan ia dihadiahi tanah seluas ikat kepala yang dikenakannya. Di samping itu, harus Sang rabu sendiri yang mengukur wilayah yang akan dihadiahkan tersebut. Sang Prabu menyanggupi permintaannya. Ajisaka kemudian mempersilakan Sang Prabu menarik ujung ikat kepalanya. Sungguh ajaib, ikat kepala itu seakan tak ada habisnya. Sang Prabu Dewatacengkar terpaksa semakin mundur dan semakin mundur, sehingga akhirnya tiba ditepi laut selatan. Ikat kepala tersebut kemudian dikibaskan oleh Ajisaka sehingga Sang Prabu terlempar jatuh ke laut. Seketika wujudnya berubah menjadi buaya putih. Ajisaka kemudian menjadi raja di Medhangkamulan.

Setelah dinobatkan menjadi raja Medhangkamulan, Ajisaka mengutus Dora pergi kembali ke Pulo Majethi menggambil pusaka yang dijaga oleh Sembada. Setibanya di Pulo Majethi, Dora menemui Sembada dan menjelaskan bahwa ia diperintahkan untuk mengambil pusaka Ajisaka. Sembada tidak mau memberikan pusaka tersebut karena ia berpegang pada perintah Ajisaka ketika meninggalkan Majethi. Sembada yang juga melaksanakan perintah Sang Prabu memaksa meminta agar pusaka tersebut diberikan kepadanya. Akhirnya kedua punggawa itu bertempur. Karena keduanya sama-sama sakti, peperangan berlangsung seru, saling menyerang dan diserang, sampai keduanya sama-sama tewas.
Kabar mengenai tewasnya Dora dan Sembada terdengar oleh Sang Prabu Ajisaka. Ia sangat menyesal mengingat kesetiaan kedua punggawa kesayangannya itu. Kesedihannya mendorongnya untuk menciptakan aksara untuk mengabadikan kedua orang yang dikasihinya itu, yang bunyinya adalah sebagai berikut:)
Bahasa Indonesia


Cerita Ajisaka

Duk ing nguni, ing Pulo Majethi ana satriya kang bagus rupané kang sesilih Ajisaka. Kajaba bagus lan sekti mandraguna, Ajisaka uga wicaksana. Sang Sinatriya kagungan punggawa loro cacahé, Dora lan Sembada arané. Punggawa loro mau banget setyané marang pepundhèné, babar pisan ora tau nglirwakké apa kang dadi dhawuhé bendarané. Ing sawijining dina, Ajisaka arsa tindak lelana ninggalaké Pulo Majethi. Tindaké nganthi punggawané kang aran Dora. Déné Sembada ditinggal ana Pulo Majethi, kautus njaga pusaka piyandelé. Sang Sinatriya wanti-wanti menawa Sembada ora dikeparengaké masarahaké pusaka mau marang sapa waé kajaba marang dirining pribadhi. Sembada ngèstokaké dawuh.

Ganti carita, duk rikala semana ing tanah Jawa ana negara kang misuwur gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja, kang aran Medhangkamulan.Ratuné ajejuluk Prabu Déwatacengkar, sawijining ratu kang luhur bebudèné lan wicaksana. Sawijining dina, juru masak keraton ngalami kacilakan, drijiné kepapras lading nganti tugel. Ki Juru Masak ora nglegéwa menawa tugelan drijiné nyemplung ana daharan kang kacawisaké ing ngarsané Sang Prabu. Nalika ora sengaja ndhahar tugelan driji mau, Sang Prabu rumangsa ndhahar daging kang énak banget rasané, banjur ngutus patihé ndangu Ki Juru Masak. Sawisé ngerti yèn sing didhahar mau daging menungsa, Sang Prabu banjur ngutus Sang Patih supaya saben ndina ngaturaké salah siji rakyaté kanggo daharané. Wiwit kedadéyan kuwi Prabu Déwatacengkar duwé kekareman kang banget nggegirisi, yakuwi ndhahar daging menungsa. Wewatekané malik grémbyang, malih dadi wengis lan seneng tumindak deksura. Negara Medhangkamulan malih dadi wewengkon kang wingit lan sepi awit kawulané siji mbaka siji kamangsa dèning ratuné, sisané mlayu mburu slamet. Sang Patih judeg pikiré awit wis ora ana manèh kawula kang bisa kacaosaké marang ratuné.

Ing wektu kuwi, Ajisaka klawan punggawané, Dora, tumeka ing Medhangkamulan. Gumun penggalihé Sang Sinatriya mirsani kahanan kang sepi lan tintrim banjur golèk sisik melik. Sawisé éntuk katrangan ngenani apa kang nembé dumadi ing Medhangkamulan, Ajisaka banjur sowan ing ngarsané Rekyana Patih, ngaturaké kasaguhané dadi dhaharané Prabu Déwatacengkar. Wiwitané Sang Patih ora nglilani awit ngéman Ajisaka kang bagus rupané tur isih mudha, nanging Ajisaka wus gilig tékadé mula banjur kelakon kairid séba ing ngarsané Sang Prabu. Sang Prabu gumun banget penggalihe merga ana wong bagus lan isih anom teka ndadak masrahké jiwa ragané nedha kamangsa. Ajisaka nuli matur yèn piyambaké lila legawa kamangsa dèning Sang Prabu sauger kaparingan tanah jembaré saukuran iket sing kaagem. Kejaba kuwi, kudu sang Prabu dhéwé kang ngukur wewengkon kang bakal kaparingaké kuwi. Sang Prabu nayogyani panuwuné. Ajisaka nuli ngaturi Sang Prabu ndudut pucuking iket. Eloking lelakon, iket mau kaya ora entèk-entèk kalukar. Sang Prabu Déwatacengkar kepeksa saya mundur saya mundur, wusanané tumekaning pinggiring segara kidul. Iket nuli kakipataké dèning Ajisaka saéngga Sang Prabu kontal nyemplung segara. Sanalika wewujudané malih dadi bajul putih. Ajisaka nuli jumeneng ratu ing Medhangkamulan.

Sawisé winisuda dadi Ratu Medhangkamulan, Ajisaka utusan Dora supaya bali menyang Pulo Majethi njupuk pusaka kang kajaga dèning Sembada. Satekané ing Pulo Majethi, Dora nemoni Sembada lan mrathelakaké yèn kautus njupuk pusakané Ajisaka. Sembada ora gelem ngulungaké amarga ngugemi dhawuhé Ajisaka nalika ninggalaké Pulo Majethi. Sembada kang uga ngugemi dawuhé Sang Prabu meksa njaluk supaya pusaka kaulungaké. Pungkasané punggawa loro mau banjur pancakara. Amarga padha digdayané, paprangan lumaku ramé, silih ungkih genti kalindhih, nganti loro-loroné mati sampyuh.

Kabar pralayané Dora lan Sembada kepireng dèning Sang Prabu Ajisaka. Getun banget penggalihé sang Prabu ngelingi kasetyané punggawa kinasihé. Rasa sungkawané anjalari sang Prabu ngripta aksara minangka pepéling marang paraga kinasihé, kang uniné mangkéné:



Ha

Na

Ca

Ra

Ka
Ana utusan (ada utusan)
Da

Ta

Sa

Wa

La
Padha kekerengan (saling berselisih pendapat)
Pa

Dha

Ja

Ya

Nya
Padha digdayané (sama-sama sakti)
Ma

Ga

Ba

Tha

Nga
Padha dadi bathangé (sama-sama mejadi mayat)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar